04 August 2008

BEBENDU KALA KLIRU

dumadakan aku kelingan marang sliramu
sing nglilir ing tengah wengi
ing pinggiring nggawan kang mili
nganti tekan samudra ika nimas
ana apa wisa-wisa ula padha keli
ora bali-bali nanging bisa tumurun
saka bawana kanggo nambah
laraning ati-ati tani kang rekasa nandur
pari

dumadakan aku kelingan marang leri-leri
kang ngiwi-iwi marang mripat-
mripat kang nggantha tekaning pramujati
jatining dhiri
jatining lathi

nimas..
nimas kang nggawe gorehing ati kang mas
wingi sliramu wis teka
dadi grimis wanci sore
winginane wis makani pitik
kang padha gumlethak
ing tengahing ara-ara ratri

nimas-
nimas kang wis mateni atine tani
ora percaya marang apa kang kocap
saka lambening penggedhe negri

ora mung merga nimas wis gawe pati
ora mung jalaran nimas wis mateni jaladri
ora mung amarga nimas wis nistha ati lawas

tapi merga nimas wis lali
marang jatining ilmu urip

mbleset sithik,
pati kang dumadi.


Yonathan Rahardjo/ Ragunan, 7 Desember 2003
Damarjati Juli 2008