13 June 2007

GURIT KACA RASA

sing dak sawang sangarepku iki
dudu awakmu
dudu tangga teparo
dudu simbah-simbahku

pancen ora bagus
apamaneh ayu
pawongan ing ngarepku
kang digaris pinggire
kanthi nglega
mbedakna antaraning gebyok
lan barang kinclong
yen kasaput surya

sing dak sawang mung
ala-ku dhewe
sajroning mripat ireng iku
luwih jero, luwih katon
ana samudera
kang ginaris
luwih amba

nanging mripatku
tibake ana wates
payawange
tan bisa nembus
luwih jero

aku tetep lila
nyawang pawongan
sing uga
lagi nyawang aku iku
awakku dhewe
apa anane.


Yonathan Rahardjo/ Ragunan, 29 Desember 2003
Damar Jati, Mei 2008

No comments: